Karangan ekposisi bertema sekaten dengan bahasa krama  

Pertanyaan :

Karangan ekposisi bertema sekaten dengan bahasa krama  

Jawaban :


“PARIWISATA ING YOGYAKARTA” (2), Acara Suran kawiwitan ing dina malem siji sura taun Jawa (1 Muharram taun Islam) kanthi nganakake mubeng beteng. Adate acara iki katindakake dening kerabat Kraton Kasultanan lan bebarengan karo masarakat Jogja. Kang diarani beteng ing kene yaiku betenge Kraton Kasultanan Ngayogjakarta sing kawiwitan saka dalan kulon Mesjid Agung mengulon mentok tekan parkiran Ngabean banjur mengidul tekan pojok beteng kulon banjur mengetan tekan pojok beteng wetan, banjur mengalor tekan protelon bah petruk utawa dalan Ibu Ruswa banjur mengulon tumuju arahing alun-alun lor maneh. Isih ing malem siji sura uga akeh para warga sing padha tumuju papan-papan wingit liyane kayata Parangtritis-Parangkusuma, Gunung Merapi, Gunung Lawu, lan liya-liyane. Ing sasi sura uga katindakake jamasan pusaka kraton lan kreta dening pehak Kraton Ngayogja. Acara liyane yaiku labuhan ing pesisir Parangkusuma, Gunung Merapi, Gunung Lawu, lan Dlepih. Barang-barang sing kalabuh adate ageman, rikma, lan kenaka.Upacara sekaten ana gayutane karo wiyose Nabi Muhammad ing tanggal 12 Maulud. Kanggo mahargya wiyose mau, pehak Kraton nganakake upacara sekaten kanthi nabuh gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Naga Wilaga suwene pitung dina lan mung leren sedhela ing dina Jemuwah sadurunge sholat Jumat. Miturut crita turun-tumurun, tembung sekaten saka tembung Syahadatain basa Arab sing ateges kaseksen marang Gusti Allah lan Nabi Muhammad. Sadurunge upacara sekaten adate ana pasar malam sing suwene sesasi sing mapan ing alun-alun lor Kraton Ngayogja. Dodolan sing sipate tradisional sing isih bisa ditemoni antarane endhog abang disundhuk biting, kinang, lan pecut. Barang-barang sing didol kasebut miturut warga nduweni berkah, kuwi sing padha percaya. Kayata mangan kinang nalika gamelan ditabuh, bisa dadi awet enom utawa tuku pecut bisa dadi ingon-ingone ngrembaka akeh.Saliyane iku, ing masarakat uga akeh katindakake upacara merti desa utawa bersih desa. Upacara iki adate katindakake ing dhusun-dhusun nalika bubar panen pari minangka simbol kasuburan. Para wisatawan bisa uga mirsani museum-museum budaya sing sumebar ing tlatah Ngayogja, kayata Museum Kraton Kasultanan Yogyakarta, Museum Puro Pakualaman, Museum Sonobudoyo, Museum Candrakiranan, Museum Tembi, Museum Batik, Museum Ullen Sentalu, lan Museum Wayang Kekayon. Ing museum-museum iki para wisatawan bisa mirsani maneka warna hasil kabudayan masarakat Jawa, kayata jinis batik, omah, wayang, kerajinan, tetanen, bebrayan, lan liya-liyane.,

BACA JUGA  berasal darimanakah tari Tari Yapong?

Demikian Jawaban Karangan ekposisi bertema sekaten dengan bahasa krama   Semoga membantu adi-adik yang sedang mencari jawaban. Kemudian kami sarankan untuk melakukan pencarian soal selanjutnya dan temukan jawabannya hanya di situs kami.

BACA JUGA  bagaimana cara menyambungkan aplikasi/web ini ke android?

Dislcaimer :

Jawaban yang disediakan diatas hanya untuk digunakan oleh orang tua siswa dalam memandu proses belajar online anak. Soal diatas berupa pertanyaan yang terbuka, artinya banyak jawaban tidak terpaku seperti diatas. mudah-mudahan artikel ini bisa bermanfaat, Trimakasih

BACA JUGA  KALOR SEBANYAK 84KJ DI TAMBAHKAN PADA 500 G AIR YANG BERSUHU 20`C.MENJADI BERAPAKAH SUHU AIR ITU?KALOR JENIS AIR 4.200J?(Kg.K)

anancomputer.com